Mateus 21:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng lakune wis cedhak Yerusalem, wis tekan ing desa Betfage ing gunung Zaitun, Gusti Yesus utusan sakabate loro,

2. dhawuhe: “Padha menyanga ing desa ngarepmu iku, mengko kowe bakal enggal mrangguli kuldi wadon cacangan karo belone ana ing sandhinge. Iku padha uculana lan loro-lorone gawanen mrene.

3. Dene manawa ana wong kang ngaruh-aruhi kowe, kandhaa: Punika prelu kagem Gusti. Mangke tumunten badhe dipun wangsulaken.”

4. Bab iku kalakone supaya kayektenan kang dipangandikakake dening nabi:

5. “Tutura marang putri Sion:Delengen, Ratunira ngrawuhi sira,Panjenengane iku alus panggalihesarta nitih kuldi, beloning kuldi momotan.”

6. Sakabat-sakabat mau banjur mangkat lan nindakake apa sadhawuhe Gusti Yesus.

7. Kuldine karo belone digawa, banjur dilarabi sandhangane. Gusti tumuli nitih.

8. Wong-wong kang gunggunge akeh banget iku padha njereng panganggone ana ing dalan, ana maneh kang padha mecoki pang-panging wit-witan, padha disebar ana ing dalan.

9. Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape:“Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud,binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran.Hosana wonten ing ngaluhur.”

10. Nalika Panjenengane lumebet ing Yerusalem, wong sakutha kabeh padha horeg, lan padha ngucap: “Sapa ta wong iki?”

11. Wong akeh padha mangsuli: “Iku Nabi Yesus saka Nasaret ing tanah Galilea.”

12. Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, meja-mejane wong pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake,

13. apamaneh wong-wong mau padha dipangandikani: “Ana tulisan mangkene: PadalemaningSun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadekake kedhung begal.”

14. Tumuli ana wong wuta lan wong pincang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ana ing Padaleman Suci lan banjur padha kawarasake.

15. Ewadene bareng para pangareping imam lan para ahli Toret padha weruh mukjijat kang ditindakake sarta bocah-bocah kang padha nguwuh-uwuh ana ing Padaleman Suci: “Hosana konjuk ing Putranipun Sang Prabu Dawud!”, atine jengkel banget,

Mateus 21