1. Bareng lakune wis cedhak Yerusalem, wis tekan ing desa Betfage ing gunung Zaitun, Gusti Yesus utusan sakabate loro,
2. dhawuhe: “Padha menyanga ing desa ngarepmu iku, mengko kowe bakal enggal mrangguli kuldi wadon cacangan karo belone ana ing sandhinge. Iku padha uculana lan loro-lorone gawanen mrene.
3. Dene manawa ana wong kang ngaruh-aruhi kowe, kandhaa: Punika prelu kagem Gusti. Mangke tumunten badhe dipun wangsulaken.”
4. Bab iku kalakone supaya kayektenan kang dipangandikakake dening nabi:
5. “Tutura marang putri Sion:Delengen, Ratunira ngrawuhi sira,Panjenengane iku alus panggalihesarta nitih kuldi, beloning kuldi momotan.”
6. Sakabat-sakabat mau banjur mangkat lan nindakake apa sadhawuhe Gusti Yesus.
7. Kuldine karo belone digawa, banjur dilarabi sandhangane. Gusti tumuli nitih.
8. Wong-wong kang gunggunge akeh banget iku padha njereng panganggone ana ing dalan, ana maneh kang padha mecoki pang-panging wit-witan, padha disebar ana ing dalan.
9. Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape:“Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud,binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran.Hosana wonten ing ngaluhur.”
10. Nalika Panjenengane lumebet ing Yerusalem, wong sakutha kabeh padha horeg, lan padha ngucap: “Sapa ta wong iki?”
11. Wong akeh padha mangsuli: “Iku Nabi Yesus saka Nasaret ing tanah Galilea.”
12. Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, meja-mejane wong pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake,
13. apamaneh wong-wong mau padha dipangandikani: “Ana tulisan mangkene: PadalemaningSun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadekake kedhung begal.”