Mateus 20:5-10 Kitab Sutji (JAV)

5. Kira-kira jam rolas lan jam telu awan metu maneh lan iya nindakake kaya ing ngarep mau.

6. Watara jam lima sore iya metu maneh sarta weruh maneh wong-wong kang padha nganggur, banjur padha ditakoni: Yagene kowe padha nganggur bae ana ing kene sadina muput?

7. Wangsulane wong-wong, mau: Awit boten wonten tiyang ingkang mberahaken dhateng kula. Iku tumuli dipituturi: Kowe iya padha menyanga kebonku anggur.

8. Bareng wis surup sing duwe pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhane, wiwit sing mlebu keri dhewe nganti tekan sing mlebu dhisik dhewe.

9. Wong-wong kang kira-kira jam lima wiwit nyambut-gawe padha teka, lan diopahi nyadinar.

10. Sawise iku kang mlebune esuk dhewe padha mara, pangirane bakal tampa opah luwih akeh, nanging jebul iya tampa nyadinar.

Mateus 20