3. Tumuli ana wong-wong Farisi kang sowan ing ngarsane, sumedya nyoba Panjenengane, ature: “Tiyang punapa dipun kengingaken megat semahipun awit saking sadhengaha sabab?”
4. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe ora maca, yen kang nitahake manungsa iku wiwit sakawit anggone ndadekake wis arupa lanang lan wadon?
5. Lan pangandikane: Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa biyunge sarta banjur manunggal karo rabine, temah loro-lorone dadi daging siji.
6. Mulane wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa.”
7. Unjuke wong-wong Farisi mau: “Manawi makaten, punapaa dene Nabi Musa dhawuh supados nyukani serat pegat, manawi tiyang megat ingkang estri?”
8. Gusti Yesus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.
9. Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”
10. Para sakabat tumuli padha munjuk: “Manawi makaten kawontenanipun tiyang sesemahan, langkung sae boten emah-emah.”
11. Nanging pangandikane: “Ora kabeh wong ngreti marang kandhaKu, mung kang wus kaparingan kanugrahan.