Mateus 19:13-19 Kitab Sutji (JAV)

13. Tumuli ana wong kang padha nyowanake bocah cilik-cilik marang ngarsane Gusti Yesus, supaya ditumpangana asta sarta didongakake; nanging banjur padha disrengeni dening para sakabat.

14. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Cikben bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggone padha sowan ing ngarsaKu, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, kang padha ndhuweni Kratoning Swarga.”

15. Panjenengane nuli numpangi asta marang bocah-bocah mau, banjur tindak saka ing kono.

16. Ana sawijining wong sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan matur: “Gusti, kula kedah nglampahi pandamel sae punapa, supados saged angsal gesang langgeng?”

17. Pangandikane Gusti Yesus: “Apa sababe, dene kowe takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Ewadene manawa kowe kapengin lumebu ing urip, tetepana sakabehing pepakon.”

18. Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.

19. Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe.”

Mateus 19