7. Heh, wong lamis, ceples temen pamecane Nabi Yesaya tumrap kowe:
8. Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene,dene atine adoh karo Ingsun.
9. Tanpa guna anggone padha ngabekti marang Ingsun,dene piwulang kang diajarake iku pepakoning manungsa.”
10. Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh, kang dipangandikani mangkene:
11. “Padha ngrungokna lan mangretia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong.”
12. Ing nalika iku para sakabate padha sowan ing ngarsane lan munjuk: “Punapa Paduka mirsa, bilih pangandika Paduka wau dados sandhungan tumrap tiyang Farisi?”
13. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadhengaha thethukulan kang dudu tanemane RamaKu ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyode.
14. Aja kokrewes wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yen wong picak nuntun wong picak, loro-lorone mesthi padha kecemplung ing luwangan.”
15. Petrus tumuli munjuk marang Panjenengane: “Kawula mugi kaparingana katrangan bab pasemon punika wau.”
16. Dhawuh pangandikane Gusti Yesus: “Dadi kowe iya padha durung mangreti?
17. Apa kowe padha ora mangreti, yen samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parane menyang ing weteng banjur dibuwang menyang ing pakiwan?
18. Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asale saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong.