Mateus 14:24-33 Kitab Sutji (JAV)

24. Nalika iku lakune praune para sakabat wis sawetara stadi saka pinggir lan lagi montang-manting katempuh ing ombak, amarga angine nampek.

25. Bareng wis jam telu bengi Gusti Yesus tindak nusul para sakabate, tindake napak ing sagara.

26. Nalika para sakabat sumurup Panjenengane tindak ing sadhuwuring banyu iku, padha kaget lan alok: “Ana memedi!” banjur padha jerit-jerit, marga saka wedine.

27. Nanging tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”

28. Petrus banjur munjuk kalawan mbengok: “Gusti, manawi saestu Paduka, kawula kadhawuhana murugi Paduka kaliyan lumampah ing nginggil toya.”

29. Dhawuhe Gusti Yesus: “Mrenea!” Petrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Gusti Yesus.

30. Nanging bareng kena angin gedhe, banjur wedi, temahan wiwit ambles, tumuli mbengok: “Gusti, nyuwun tulung!”

31. Gusti Yesus enggal-enggal mulung astane, nyepeng Petrus sarta ngandika: “Heh, wong kang cupet ing pangandel, yagene kok mangu-mangu?”

32. Banjur padha munggah ing prau, angine tumuli mendha.

33. Wong saisine prau padha sujud ana ing ngarsane lan matur: “Paduka punika saestu Putraning Allah.”

Mateus 14