48. Nanging kang munjuk diparingi wangsulan mangkene: “IbuKu sapa, lan sadulur-sadulurKu sapa?”
49. Banjur mulungake astane marang para sakabate sarta ngandika: “Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu!”
50. Sabab sing sapa nglakoni karsane RamaKu kang ana ing swarga, yaiku sadulurKu lanang utawa wadon lan ibuKu.”