18. Sarehning Yokanan tekane ora mangan ora ngombe, banjur diarani wong kepanjingan setan.
19. Tekane Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombe, kok unine wong: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombe anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangeran iku anggone kabenerake marga saka pandamele.”
20. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur wiwit nenetah marang kutha-kutha kang ora mratobat, sanadyan Gusti anggone nindakake mukjijat kang akeh dhewe ana ing kono:
21. “Bilai kowe Khorazin, bilai kowe Betsaida, sabab manawa ing Tirus lan ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat lan manganggo bagor sarta awu.
22. Nanging Aku pitutur marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang kasangga dening Tirus lan Sidon bakal luwih entheng tinimbang kowe.