5. Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”
6. Angone matur mangkono iku, marga ora ngreti, apa kang kudu diaturake, saka anggone padha banget wedine.
7. Banjur ana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku ana suwara kang kaprungu: “Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha estokna dhawuhe.”
8. Dumadakan nalika padha nyawang ing sakubenge kono, banjur wis ora ana kang katingal maneh, kajaba mung Gusti Yesus piyambak.
9. Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling, aja ana kang kandha-kandha marang sapa-sapaa bae bab apa kang mentas padha dideleng mau, nganti tumeka Putraning Manungsa wis wungu saka ing antarane wong mati.
10. Para sakabat padha nyathet pangandika mau karo padha takon-tinakon bab tegese “wungu saka ing antarane wong mati”.
11. Banjur padha matur pitakon: “Punapaa dene para ahli Toret kok mratelakaken, bilih Nabi Elia pinasthi rawuh rumiyin?”
12. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nabi Elia pancen bakal rawuh dhisik prelu mbangun samubarang kabeh. Mung bae, kapriye dene kok ana tulisan kang mratelakake, yen Putraning Manungsa bakal nandhang sangsara akeh sarta disawiyah-wiyah?
13. Nanging Aku pitutur ing kowe: Nabi Elia iku pancen wis rawuh, lan banjur digawe sawenang-wenang, cocog karo apa kang wis katulis tumrap panjenengane.”
14. Bareng wis padha bali ing panggonane para sakabat liyane, padha ndeleng wong akeh padha ngrubung sakabat-sakabat mau lan ahli Toret sawatara, kang padha diya-diniya karo sakabat-sakabat iku.