Markus 9:1-20 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane maneh mangkene: “Aku pitutur marang kowe, satemene wong kang ana ing kene iki ana kang bakal ora mati, sadurunge padha ndeleng rawuhe Kratoning Allah kalawan panguwasa.”

2. Sawise nem dina Gusti Yesus dhawuh marang Petrus, Yakobus lan Yokanan supaya ndherek bebarengan minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak. Tumuli Gusti Yesus santun rupa ana ing ngarepe para sakabat mau.

3. Pangagemane katon putih memplak sumorot. Ora ana wong ing donya iki kang bisa mutihake sandhangan nganti kaya mangkono.

4. Para sakabat banjur padha dikatingali Nabi Elia karo Nabi Musa, kang lagi padha imbal pangandika kalawan Gusti Yesus.

5. Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”

6. Angone matur mangkono iku, marga ora ngreti, apa kang kudu diaturake, saka anggone padha banget wedine.

7. Banjur ana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku ana suwara kang kaprungu: “Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha estokna dhawuhe.”

8. Dumadakan nalika padha nyawang ing sakubenge kono, banjur wis ora ana kang katingal maneh, kajaba mung Gusti Yesus piyambak.

9. Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling, aja ana kang kandha-kandha marang sapa-sapaa bae bab apa kang mentas padha dideleng mau, nganti tumeka Putraning Manungsa wis wungu saka ing antarane wong mati.

10. Para sakabat padha nyathet pangandika mau karo padha takon-tinakon bab tegese “wungu saka ing antarane wong mati”.

11. Banjur padha matur pitakon: “Punapaa dene para ahli Toret kok mratelakaken, bilih Nabi Elia pinasthi rawuh rumiyin?”

12. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nabi Elia pancen bakal rawuh dhisik prelu mbangun samubarang kabeh. Mung bae, kapriye dene kok ana tulisan kang mratelakake, yen Putraning Manungsa bakal nandhang sangsara akeh sarta disawiyah-wiyah?

13. Nanging Aku pitutur ing kowe: Nabi Elia iku pancen wis rawuh, lan banjur digawe sawenang-wenang, cocog karo apa kang wis katulis tumrap panjenengane.”

14. Bareng wis padha bali ing panggonane para sakabat liyane, padha ndeleng wong akeh padha ngrubung sakabat-sakabat mau lan ahli Toret sawatara, kang padha diya-diniya karo sakabat-sakabat iku.

15. Wong akeh iku bareng weruh Gusti Yesus, padha gumun lan banjur enggal-enggal padha methuk.

16. Gusti Yesus nuli ndangu marang wong-wong mau: “Kowe iku padha udur bab apa?”

17. Wong akeh mau banjur ana siji kang matur: “Guru, anak kula kula sowanaken dhateng Panjenengan, jalaran kapanjingan dhemit ingkang damel bisunipun.

18. Saben-saben dhemit punika nyandhak anak kula, lajeng dipun banting ing siti, cangkemipun lajeng muruh, untunipun kerot-kerot, badanipun dados kaken. Kula sampun nedha tulung dhateng para sakabat Panjenengan, supados nundhung dhemitipun, nanging sami boten saged.”

19. Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe? Nganti pira lawase anggonKu kudu nyabari kowe? Bocahe prenekna!”

20. Bocahe banjur diaturake. Bareng roh mau weruh Gusti Yesus, bocahe banjur dieweng-eweng, ditibakake ing lemah lan banjur gulung, cangkeme muruh.

Markus 9