17. Sawise Panjenengane sumingkir saka ing wong akeh mau lan lumebet ing sawijining omah, para sakabate banjur nyuwun katrangan bab tegese pasemon mau.
18. Nuli padha dipangandikani: “Apa kowe iya ora ngreti? Apa kowe ora ngreti, yen samubarang kang saka ing jaba lumebu ing manungsa iku ora bisa marakake najis,
19. amarga ora lumebu ing sajroning ati, nanging lumebu ing weteng, banjur kabuwang ing pakiwan?” Pangandika iku mratelakake, yen sakabehe pangan iku kalal.
20. Banjur nyambeti pangandika: “Apa sing metu saka ing manungsa, iku sing marakake najis,
21. sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa, thukul sakabehing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawe pati,
22. laku bandrek, srakah, piala, akal palsu, hawa-nepsu, meri, panyatur ala, gumedhe, tanpa budi.
23. Sakehe piala iki thukul saka ing jero lan marakake najis marang manungsa.”
24. Gusti Yesus banjur jengkar saka ing kono lan tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus. Nuli lumebet ing sawijining omah lan ora karsa, yen ngantia kasumurupan ing wong, nanging rawuhe iku ora bisa kasidhem.
25. Amarga ing nalika iku uga banjur ana wong wadon, kang anake wadon kapanjingan dhemit, sawise krungu bab Panjenengane, enggal-enggal marek sumungkem ana ing ngarsane.
26. Wong wadon iku bangsa Yunani, saka ing tanah Siro-Fenisia. iku nyuwun marang Gusti Yesus, karsaa nundhung setane saka ing anake.
27. Tumuli dipangandikani dening Gusti Yesus: “Cikbene bocah-bocah padha wareg dhisik, sabab dudu samesthine njupuk roti sing disadhiyakake kanggo anak-anak, banjur diuncalake marang kirik.”
28. Nanging unjuke wong wadon mau: “Kasinggihan, Gusti, nanging kirik inggih sami nedha kaceranipun putra-putra ing ngandhap meja.”
29. Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang wong wadon iku: “Marga saka tembungmu kang mangkono iku, wis mundura, dhemite wis metu saka ing anakmu.”
30. Wong wadon mau tumuli mulih, anake ketemu turon ing amben, dhemite wis lunga.
31. Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka wilayah Tirus lan tindak menyang sagara Galilea, ing satengah tlatah Dekapolis, nglangkungi Sidon.
32. Banjur ana wong kang nyowanake wong budheg bisu lan nyuwun supaya Gusti Yesus karsaa numpangi asta.
33. Wong mau nuli kapisahake saka wong akeh dening Gusti Yesus, didhewekake. Kupinge banjur dilebeti ing racikane, nuli kecoh lan ndemok ilate wong mau.
34. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tumenga ing langit lan unjal ambegan, nuli ngandika marang wong mau: “Efata!” tegese: mengaa!