Markus 5:5-18 Kitab Sutji (JAV)

5. Rina wengi wong mau klambarangan ana ing pakuburan lan ing gunung-gunung karo bengak-bengok sarta ngantemi awake dhewe, nganggo watu.

6. Bareng wong mau ndeleng Gusti Yesus saka ing kadohan, banjur mlayu menyang ing ngarsane sarta nyembah,

7. lan mbengok seru: “Paduka preduli punapa kaliyan kawula, dhuh, Gusti Yesus, Putraning Allah ing kang Mahaluhur? Demi Allah sampun ngantos niksa kawula!”

8. Jalaran sadurunge iku Gusti Yesus wus ngandika marang wong mau: “Heh, dhemit, lungaa saka wong iku!”

9. Wasana panjenengane banjur ndangu: “Sapa jenengmu?” Atur wangsulane: “Nama kawula Legion, jalaran cacah kawula kathah sanget.”

10. Wong mau nyuwun kanthi adreng supaya dhemit-dhemite aja ditundhung saka wewengkon kono.

11. Nalika iku ing ereng-erenging gunung kono ana babi akeh banget kang pinuju golek pangan.

12. Dhemit-dhemit mau nyuwun marang Panjenengane, ature: “Kawula mugi sami kadhawuhana murugi babi-babi punika, sami badhe kawula lebeti.”

13. Gusti Yesus marengake. Dhemit-dhemit banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Grombolan babi kang cacahe kira-kira rong ewu iku banjur gumrudug mudhun saka ing pinggiring jurang ambyur ing sagara, wasana padha mati klelep ana ing kono.

14. Pangon-pangone babi-babi mau banjur padha mlayu lan nyritakake lelakon iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengene. Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon iku.

15. Wong-wong mau padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan ndeleng wong kang maune kapanjingan dhemit legion linggih ing kono, wis manganggo ganep lan wis waras, satemah padha wedi.

16. Wong-wong kang padha nyumurupi dhewe lelakon mau padha nyritakake marang wong-wong kang padha teka iku bab apa kang tumindak tumrap wong kang kapanjingan dhemit lan bab babi-babi mau.

17. Wong-wong mau banjur padha nyuwun kalawan adreng marang Gusti Yesus, supaya Panjenengane nilar wewengkone.

18. Nalika Gusti Yesus minggah ing prau, wong kang maune kapanjingan dhemit nyuwun kalilanana dherek satindake.

Markus 5