Markus 4:30-38 Kitab Sutji (JAV)

30. Gusti Yesus ngandika maneh: “Kratoning Allah iku kita upamakake apa? Utawa kena kita gambar nganggo pasemon apa?

31. Kraton iku upamane kaya wiji sawi kang disebar ing lemah. Pancen wiji iki, padha-padha wiji kang ana ing bumi, cilik dhewe.

32. Nanging bareng wis disebar, banjur thukul lan dadi gedhe ngluwihi sakabehing jejanganan liyane, sarta metu pange kang gedhe-gedhe, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha bisa nusuh ana ing ayomane.”

33. Gusti Yesus anggone mulangake pangandika marang wong-wong mau ngagem pasemon akeh kang kaya mangkono iku, laras karo tataraning pangretene,

34. lan ora padha dipangandikani apa-apa kang tanpa pasemon, nanging yen marang para sakabate apa bae diterangake piyambakan.

35. Ing dina iku bareng wis sore, Gusti Yesus ngandika marang para sakabate: “Ayo padha menyang sabrang.”

36. Banjur padha ninggal wong akeh mau lan mangkat ndherekake Gusti Yesus kang wis nitih prau, bebarengan karo prau-prau liyane.

37. Tumuli ana prahara gedhe, lan ombake nyempyok-nyempyok tumiba ing sajroning prau, nganti praune meh kebak banyu.

38. Dene Gusti Yesus ana ing buritan, lagi sare ngagem kajang sirah. Banjur diwungu dening para sakabat, unjuke: “Guru, punapa Paduka boten nggalih, bilih kawula sami badhe tiwas?”

Markus 4