7. “Yagene wong iku kok muni mangkono? Iku rak nyenyamah Gusti Allah. Sapa kang wenang ngapura dosa kajaba mung Gusti Allah piyambak?”
8. Nanging Gusti Yesus sajroning panggalih mirsa marang gagasane wong-wong mau kang mangkono iku, banjur padha dipangandikani: “Kapriye dene kowe padha duwe gagasan mangkono sajroning atimu?
9. Endi kang luwih gampang, kandha karo wong lumpuh iku: Dosamu wis diapura, apa kandha: Tangia, paturonmu angkaten lan lumakua.
10. Nanging supaya kowe padha mangreti, yen Putraning Manungsa ana ing donya iki duwe panguwasa ngapura dosa,” -- banjur ngandika marang kang lumpuh: --
11. “Aku kandha marang kowe, tangia, paturonmu angkaten lan muliha!”
12. Padha sanalika wong mau banjur tangi, paturone diangkat nuli lunga metu saka ing ngarepane wong-wong mau, temahan wong kabeh padha kaeraman lan banjur ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Kaya mangkene iki aku durung tau tumon.”
13. Sawise iku Gusti Yesus tindak menyang ing pinggiring sagara maneh; akeh wong kang padha sowan marang ing ngarsane, banjur padha diparingi piwulang.
14. Wasana nalika panjenengane langkung ing kono, mirsa Lewi anake Alfeus linggih ana ing pabeyan, banjur dipangandikani: “Melua Aku!” Lewi tumuli ngadeg ndherekake Panjenengane.
15. Kacarita nalika Gusti Yesus dhahar ana ing omahe wong mau, akeh juru-mupu-beya lan wong dosa kang padha ndherek dhahar Panjenengane bebarengan karo para sakabat, amarga akeh wong kang padha ndherekake tindake.