3. Para pangarepe imam banjur padha ngaturake panggugat pirang-pirang prakara tumrap Gusti Yesus.
4. Sang Pilatus ndangu maneh marang Panjenengane, pangandikane: “Punapa Panjenengan boten mangsuli punapa-punapa? Mangka kathah sanget pandakwanipun tiyang-tiyang punika dhateng Panjenengan.”
5. Nanging Gusti Yesus ora mangsuli apa-apa maneh, temah Sang Pilatus eram.
6. Wis dadi adat kalumrahan saben dina gedhe Sang Pilatus ngluwari wong ukuman siji, sing dikarepake dening wong akeh.
7. Nalika samana ana wong sing jenenge Barabas, sing lagi diukum bebarengan karo pambrontak liyane sawatara, kang sajrone ngraman mau wis mateni wong.
8. Nalika samana banjur ana wong akeh kang padha teka lan nyuwun, supaya adat kalumrahan mau dilestarekake.
9. Sang Pilatus mangsuli lan ndangu: “Apa karepmu supaya aku ngluwari ratune wong Yahudi iki?”
20b. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur kadhabyang metu arep disalib.
21. Nalika samana ana wong liwat jenenge Simon, wong Kirene, bapakne Aleksander lan Rufus, lagi bali saka ing pategalan. Iku dipeksa dikon manggul salibe Gusti Yesus.
22. Gusti Yesus banjur diirid menyang pangonan kang aran Golgota, tegese: pacumplungan.
23. Tumuli dicaosi ngunjuk anggur kang dicampuri mur, nanging ora karsa.
24. Gusti Yesus banjur disalib, pangagemane nuli diedum-edum sarana diundhi, supaya kasumurupana pandumane dhewe-dhewe.
25. Nalika Gusti yesus kasalib iku mbeneri wayah jam sanga.
26. Ing sadhuwure ana tulisan, kang mratelakake apa sababe kaukum, unine: “Ratune wong Yahudi.”
27. Ana begal loro kang disalib bebarengan karo Gusti Yesus, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Panjenengane.[
28. Iya iku kayektenane tulisan kang mangkene: “Panjenengane kaetang awor kalawan wong durjana.”]
29. Wong-wong kang padha liwat ing kono, padha ngala-ala Panjenengane, padha calathu kambi gedheg-gedheg, “Heh, Kowe sing arep ngrubuhake Padaleman Suci lan arep mbangun maneh sajrone telung dina,
30. mudhuna saka ing salib, luwarana awakMu!”
31. Mangkono uga para pangarepe imam karo para ahli Toret, iya padha moyoki lan padha sapocapan mangkene: “Wong liya padha ditulungi, nanging nulungi awake dhewe ora bisa!
32. Sang Kristus, ratune Israel iku cikben mudhun saka ing salib, supaya aku bisa ndeleng lan pracaya.” Dalasan wong loro kang kasalib bareng karo Panjenengane iku iya memada marang Panjenengane.
33. Bareng jam rolas ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh nganti jam telu.