12. Sang Pilatus banjur mangsuli maneh lan ndangu marang wong-wong mau: “Yen mangkono, wong kang kokarani ratune wong Yahudi iku dakkapakake?”
13. Wong-wong nuli padha nguwuh-uwuh maneh: “Kasaliba kemawon!”
14. Sang Pilatus nuli ngandika: “Dosane apa ta?” Nanging wong-wong saya seru anggone padha nguwuh-uwuh: “Kasaliba!”
15. Sarehne Sang Pilatus karsa damel mareming atine wong akeh, mulane Barabas banjur diluwari, dene Gusti Yesus banjur disapu lan sawise mangkono nuli dipasrahake supaya disalib.
16. Gusti Yesus banjur kadhabyang dening para prajurit menyang ing plataran jero, ing gedhong pangadilan, sarta banjur padha ngundang kanca-kancane sagolongan kabeh.
17. Gusti Yesus nuli diagemi jubah wungu. Wong-wong mau banjur nganam makutha eri diagemake ing mustakane.
18. Sawise mangkono banjur padha wiwit ngurmati Panjenengane, pangucape: “Ngaturaken salam, dhuh ratunipun tiyang Yahudi.”
19. Mustakane banjur dipenthungi nganggo glagah, diidoni lan disembah karo jengkeng.
20a. Sawise disawenang-wenang mangkono iku, agemane jubah wungu dicopot lan disantuni pangagemane piyambak.
20b. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur kadhabyang metu arep disalib.
21. Nalika samana ana wong liwat jenenge Simon, wong Kirene, bapakne Aleksander lan Rufus, lagi bali saka ing pategalan. Iku dipeksa dikon manggul salibe Gusti Yesus.
22. Gusti Yesus banjur diirid menyang pangonan kang aran Golgota, tegese: pacumplungan.
23. Tumuli dicaosi ngunjuk anggur kang dicampuri mur, nanging ora karsa.
24. Gusti Yesus banjur disalib, pangagemane nuli diedum-edum sarana diundhi, supaya kasumurupana pandumane dhewe-dhewe.