1. Gusti Yesus banjur wiwit ngandika marang wong-wong mau kalawan pasemon, “Ana wong gawe pakebonan anggur lan dipageri mubeng. Nuli ndhudhuk jugangan papan pameresan sarta ngadegake panggung panjagan. Sawise mangkono pakebonan iku disewakake marang wong-wong kang bakal padha nggarap, banjur lelungan menyang tanah ngamanca.
2. Bareng wus tumeka ing mangsane, wong mau kongkonan batur marani saperanganing pametune pakebonan menyang wong sing padha nggarap.
3. Nanging batur iku banjur dicekel dening wong-wong mau lan digebugi banjur dikon bali nglenthung.
4. Kang duwe pakebonan tumuli kongkonan batur liyane. Wong iki dipenthungi nganti tatu sirahe sarta diwirang-wirangake.
5. Banjur ana batur siji maneh kang dikongkon, iki malah dipateni. Lan isih akeh maneh liyane, ana kang digebugi lan ana kang dipateni.
6. Saiki mung kari siji, yaiku anake kang ditresnani. Wasana iki iya dikongkon marang wong-wong mau, pamikire: Anakku mesthine dieringi.
7. Nanging wong-wong kang nggarap pakebonan mau nuli padha rembugan mangkene: Lah iku ahli warise, ayo padha dipateni bae, mengko warisane banjur kita kang nduweni.
8. Mulane iya banjur dicekel lan dipateni, nuli dibuwang menyang ing sajabaning kebon anggur.
9. Saiki, apa kang bakal ditindakake dening kang duwe pakebonan anggur iku? Mesthi bakal teka mrono, wong-wong kang nggarap bakal padha ditumpes, kebone anggur nuli dipitayakake marang wong sejene.
10. Apa kowe durung tau maca nas iki:Watu kang dibuwang dening para juru gawe omahiku wis dadi watu kang baku ana ing pojok.
11. Iku pakaryaning Pangeran,sawijining bab kang nggumunake ing pandeleng kita.”
12. Wong-wong mau banjur padha mbudi-daya nyekel Gusti Yesus, amarga padha ngreti, yen sing dikarepake dening pasemon mau dheweke kabeh. Nanging padha wedi marang wong akeh, mulane banjur padha mundur, Panjenengane ditogake bae.
13. Wong-wong mau banjur kongkonan wong Farisi lan wong Herodhian sawatara sowan ing ngarsane, sedyane arep nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan.