Markus 11:1-19 Kitab Sutji (JAV)

1. Barang lakune wis cedhak Yerusalem, cedhak ing desa Betfage lan Betania, ing gunung Zaitun, Gusti Yesus tumuli ngutus sakabat loro,

2. padha kaweling mangkene: “Padha menyanga ing desa ngarepmu iku. Yen kowe mengko wis mlebu ing kono, kowe bakal mrangguli belo cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mrene.

3. Dene manawa ana wong kang ngaruh-aruhi kowe: Kadospundi panjenengan kok makaten, banjur wangsulana: Punika kagem Gusti, mangke enggal badhe dipun wangsulaken malih.”

4. Kang kautus banjur mangkat, belone iya katemu dicancang ana ing jaban lawang ing pinggir dalan, nuli diuculi.

5. Wong sawatara kang ana ing kono padha takon: “Punika kadospundi, kok belonipun panjenengan uculi?”

6. Iku iya diwangsuli kaya piwelinge Gusti Yesus, temah wong-wong mau padha meneng bae.

7. Belone banjur dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, nuli dilarabi ing jubahe, Gusti Yesus banjur nitih.

8. Akeh wong kang padha njereng jubahe ana ing dalan, ana maneh kang nyebar pang-pang ijo anggone mbabadi ing pategalan.

9. Wong-wong kang mlaku ana ing ngarep lan kang mlaku ana ing buri padha nguwuh-uwuh,“Hosanna!Binarkahana kang rawuh atas asmaning Pangeran.

10. Binarkahana Kraton kang rawuh,Kratone leluhur kita Sang Prabu Dawud,hosanna ing ngaluhur!”

11. Bareng wis rawuh ing Yerusalem, Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci, mirsani samubarang kabeh kang ana ing kono, nanging sarehne wis sore, banjur tindak menyang Betania, kadherekake sakabate rolas.

12. Esuke nalika padha mangkat saka ing Betania, Gusti Yesus kerapan.

13. Bareng mirsa ing kadohan ana wit anjir kang wis ana godhonge, tumuli dipurugi, bokmanawa bisa manggih apa-apa. Nanging sarawuhe ing kono, ora manggih apa-apa kajaba mung godhong, amarga pancen durung mangsa woh anjir.

14. Ing kono Gusti Yesus banjur ngandikani wit iku: “Aja nganti ana wong kang mangan wohmu maneh ing salawas-lawase!” Para sakabat padha krungu pangandikane iku.

15. Lakune wis padha tekan ing Yerusalem, Gusti Yesus bareng wis lumebet ing Padaleman Suci, banjur tumandang nundhungi wong-wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci. Meja-meja pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake

16. sarta ora marengake wong nggawa barang-barang liwat ing plataraning Padaleman Suci.

17. Wong-wong banjur padha diparingi piwulang, pangandikane: “Apa ora ana tulisan kang muni: PadalemaningSun kasebut dalem pamujan kanggo sakehing bangsa? Nanging wis kokdadekake kedhung begal!”

18. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha krungu lelakon iku, banjur mbudidaya bisane nyedani Panjenengane, amarga padha wedi marang Panjenengane, awit wong akeh padha kaeraman kabeh ngrungokake piwulange.

19. Bareng wis sore Gusti Yesus jengkar saka ing kutha kadherekake para sakabat.

Markus 11