33. pangandikane: “Saiki aku kabeh menyang Yerusalem lan Putraning Manungsa bakal kaulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret, banjur bakal kaukum pati lan bakal kaulungake marang bangsa-bangsa kang durung wanuh marang Allah,
34. lan bakal dipoyoki, diidoni, disapu sarta dipateni lan sawise telung dina bakal tangi.”
35. Yakobus lan Yokanan, anak-anake Zebedheus, padha nyedhaki Gusti Yesus lan matur: “Guru, kawula sami nyuwun, mugi Paduka karsaa ngabulaken panyuwunan kawula.”
36. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Karepmu Dakkapakake?”
37. Unjuke: “Benjing wonten ing kamulyan Paduka, keparenga kawula linggih satunggal ing tengen, satunggal wonten ing kiwa Paduka.”