50. Gusti Yesus banjur ngandika: “Aja kokpenggak, sabab sing sapa ora nyulayani marang kowe, iku dadi nyarujuki.”
51. Bareng wis cedhak wektune anggone bakal kasengkakake menyang ing swarga, Gusti Yesus banjur nggalih arep tindak menyang ing Yerusalem,
52. tumuli ngirimake utusan sawatara, kang ndhisiki Panjenengane. Iku padha mangkat, banjur padha lumebu ing sawijining desane wong Samaria arep cecawis kagem Panjenengane.
53. Nanging wong-wong Samaria padha ora gelem nampani rawuhe, amarga anggone tindak iku menyang Yerusalem.
54. Nalika sakabate loro, yaiku Yakobus lan Yokanan, nyumurupi kang mangkono iku, banjur matur: “Gusti, punapa Paduka ngarsakaken supados kawula sami ndhatengaken latu saking langit, numpes tiyang-tiyang punika?”
55. Nanging Gusti Yesus nuli minger ndukani sakabat-sakabat mau.
56. Banjur padha mlembar menyang ing desa liyane.
57. Nalika padha mbacutake lakune, ana ing tengah dalan iku ana wong kang matur marang Gusti Yesus: “Kawula badhe ngetut wingking Paduka, dhatenga pundi kemawon tindak Paduka.”
58. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Asu ajag padha duwe rong lan manuk padha duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kagem nyelehake mustakane.”
59. Banjur ngandika marang wong liyane: “Melua Aku.” Ature wong mau: “Keparenga kawula kesah ngubur bapak kawula rumiyin.”
60. Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Cikben wong mati padha ngubur wong mati, nanging kowe iku lungaa, ngundhangna Kratoning Allah ana ing ngendi-endi.”
61. Lan ana liyane maneh kang matur: “Kawula badhe ngetut wingking Paduka, Gusti, nanging keparenga kawula pamitan rumiyin dhateng brayat kawula.”
62. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Saben wong kang wis nyekel waluku, mangka banjur tumoleh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah.”