5. Dene manawa ana wong kang ora gelem nampani kowe, metua saka ing kutha kono lan ketabna lebu kang ana ing sikilmu, iku minangka pepenget tumrap wong mau.”
6. Para sakabat banjur padha mangkat njajah sakehing padesan, ngabarake Injil sarta marasake wong lara saenggon-enggon.
7. Kocapa Sang Prabu Herodhes, nata-wilayah, mireng sakabehing lelakon mau, banjur rumaos kemengan, awit ana wong kang kandha, yen Nabi Yokanan wungu saka ing antarane wong mati.
8. Ana maneh kang kandha, yen Nabi Elia ngatingal maneh, lan uga ana kang kandha, yen salah sawijining nabi jaman kuna wungu.
9. Nanging Sang Prabu Herodhes ngandika: “Yokanan wis daktigas gulune. Sapa ta Wong iki, kang wis kawartakake mangkono iku?” Tumuli ngudi bisane ketemu karo Gusti Yesus.
43a. Kabeh wong padha kaeraman, marga saka nyumurupi kuwasaning Allah kang samono gedhene iku.
43b. Nalika wong kabeh isih padha kaeraman awit saka sakehe pandamele, Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabate:
44. “Rungokna lan wigatekna kabeh tembungKu iki: Putraning Manungsa bakal diulungake marang tanganing wong.”
45. Nanging para sakabat ora ngreti marang pangandika iku, amarga tegese isih peteng tumrap dheweke kabeh, mulane ora bisa mudheng. Ewasamono padha ora wani miterang bab pangandika mau.
46. Kacarita para sakabat padha padudon bab sapa sing pinunjul saka ing antarane.
47. Nanging Gusti Yesus ora kekilapan tumrap pikirane wong-wong iku. Banjur mundhut bocah cilik siji, diadegake ing sandhinge
48. sarta ngandika marang para sakabate: “Sing sapa nampani bocah iki atas saka jenengKu, dadi Aku kang ditampani; lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku. Awit kang cilik dhewe ing antaramu kabeh, iku kang gedhe dhewe.”