36. Wong-wong kang wis padha nyumurupi dhewe iku padha martani marang kang lagi padha teka iku, kapriye anggone wong kang kepanjingan dhemit iku kaluwaran.
37. Wasana kabeh wong ing laladane tanah Gerasa padha nyuwun marang Gusti Yesus, supaya karsaa linggar saka ing kono, marga padha wedi banget. Panjenengane banjur minggah ing prau lan wangsul nyabrang.
38. Wong kang wus koncatan dhemit mau nyuwun supaya diparengna ndherek, nanging Gusti Yesus ndhawuhi lunga, pangandikane:
39. “Kowe muliha menyang ing omahmu lan martak-martakna kabeh apa kang wis katandukake dening Allah marang kowe.” Wong mau iya banjur lunga lan ndlajahi Sakutha kabeh kalawan nyritakake apa kang wis katindakake dening Gusti Yesus tumrap ing awake.
40. Kacarita bareng Gusti Yesus wangsul, banjur dipethuk dening wong akeh, awit kabeh pancen padha ngenteni rawuhe.
41. Banjur ana wong kang sowan, jenenge Yairus, lurah papan pangibadah, nuli tumungkul sujud ana ing ngarsane Gusti Yesus, nyuwun supaya Gusti Yesus karsaa rawuh ing omahe,
42. amarga anake wadon ontang-anting, kang kira-kira umur rolas taun meh mati. Gusti Yesus nalika tindak mrana, sarirane kadhesek-dhesek ing wong akeh.
43. Nalika samana ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun lawase, ora waras-waras, sanadyan wis ditambani sapa bae.
44. Iku banjur maju nyedhaki Gusti Yesus saka ing wingking lan ndemek gombyoking jubahe. Padha sanalika pampet anggone nggrajag getih.
45. Gusti Yesus banjur ngandika: “Sapa kang ndemek Aku?” Sarehne ora ana sing ngaku, Petrus nuli matur: “Guru tiyang kathah sami ngrubung lan sami ndhesek Paduka makaten.”
46. Nangig Gusti Yesus ngandika: “Ana wong kang ndemek Aku, sabab Aku krasa ana daya kang metu saka ing Aku.”
47. Bareng wong wadon iku mau ngreti, yen kauningan, banjur marek kalawan gumeter, sumungkem ing ngarsane apadene tumuli mratelakake marang wong akeh, apa sababe ndemek Panjenengane sarta anggone sanalika banjur waras.
48. Gusti Yesus nuli ngandika marang wong mau: “He, anakKu, pangandelmu kang wis mitulungi kowe, mundura kalawan tentrem rahayu!”
49. Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana krabate kepala papan pangibadah iku kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar donya. Sampun ngribedi Sang Guru.”
50. Nanging Gusti Yesus mireng sarta banjur ngandika marang Yairus: “Aja wedi, kumandela bae, anakmu bakal slamet.”
51. Sarawuhe ing omahe Yairus, Gusti Yesus ora marengake wong siji-sijia ndherek mlebu Panjenengane, kajaba Petrus, Yokanan lan Yakobus tuwin bapakne sarta ibune bocahe.
52. Kabeh wong padha nangisi bocahe kalawan ngadhuh-adhuh. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aja padha nangis, bocahe ora mati, mung turu.”
53. Kabeh padha nggeguyu Panjenengane, amarga padha weruh, yen bocahe wis mati.