32. Kacarita ing kono ana babi kang akeh banget cacahe kang lagi padha mangan ana ing ereng-erenging gunung. Dhemit-dhemit mau banjur nyuwun, supaya diparengake lumebu ing babi-babi iku. Iku diparengake.
33. Dhemit-dhemit mau banjur padha metu lan manjing ing babi. Pepanthan babi iku tumuli gumrudug mlayu ing tepining jurang lan ambyur ing sagara dadi lan patine.
34. Bareng para pangon babi padha nyumurupi lelakon mangkono iku, banjur padha mlayu lan nyritakake bab iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengene.
35. Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon. Banjur padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta padha nyumurupi wong kang wis ditinggal dening setan-setane mau linggih cedhak ing sampeyane Gusti Yesus, wis manganggo lan wis waras. Wasana padha wedi.
36. Wong-wong kang wis padha nyumurupi dhewe iku padha martani marang kang lagi padha teka iku, kapriye anggone wong kang kepanjingan dhemit iku kaluwaran.
37. Wasana kabeh wong ing laladane tanah Gerasa padha nyuwun marang Gusti Yesus, supaya karsaa linggar saka ing kono, marga padha wedi banget. Panjenengane banjur minggah ing prau lan wangsul nyabrang.
38. Wong kang wus koncatan dhemit mau nyuwun supaya diparengna ndherek, nanging Gusti Yesus ndhawuhi lunga, pangandikane:
39. “Kowe muliha menyang ing omahmu lan martak-martakna kabeh apa kang wis katandukake dening Allah marang kowe.” Wong mau iya banjur lunga lan ndlajahi Sakutha kabeh kalawan nyritakake apa kang wis katindakake dening Gusti Yesus tumrap ing awake.
40. Kacarita bareng Gusti Yesus wangsul, banjur dipethuk dening wong akeh, awit kabeh pancen padha ngenteni rawuhe.
41. Banjur ana wong kang sowan, jenenge Yairus, lurah papan pangibadah, nuli tumungkul sujud ana ing ngarsane Gusti Yesus, nyuwun supaya Gusti Yesus karsaa rawuh ing omahe,
42. amarga anake wadon ontang-anting, kang kira-kira umur rolas taun meh mati. Gusti Yesus nalika tindak mrana, sarirane kadhesek-dhesek ing wong akeh.
43. Nalika samana ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun lawase, ora waras-waras, sanadyan wis ditambani sapa bae.
44. Iku banjur maju nyedhaki Gusti Yesus saka ing wingking lan ndemek gombyoking jubahe. Padha sanalika pampet anggone nggrajag getih.