Lukas 8:17-23 Kitab Sutji (JAV)

17. Sabab ora ana barang kasidhem, kang ora bakal kasumurupan, ora ana wadi, kang ora bakal kaweruhan temahan kawiyak.

18. Awit saka iku, patrapmu ngrungokake iku gatekna. Amarga sapa kang duwe iku bakal kaparingan, nanging sing sapa ora duwe, iku bakal kapundhutan dalah apa kang kanyana duweke.”

19. Gusti Yesus banjur dipurugi dening kang ibu lan sadherek-sadhereke, nanging marga saka akehe wong, ora bisa padha ketemu.

20. Tumuli ana wong kang ngunjuki uninga, ature: “Ingkang ibu saha sadherek-sadherek Paduka wonten ing jawi badhe kepanggih kaliyan Paduka.”

21. Nanging Panjenengane mangsuli, pangandikane: “IbuKu lan sadulur-sadulurKu iku wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan banjur dilakoni.”

22. Ing sawijining dina Gusti Yesus nitih prau kadherekake para sakabate, tumuli padha dipangandikani mangkene: “Ayo padha menyang ing sabranging sagara.” Banjur padha mangkat.

23. Nalika lagi padha lelayaran iku, Gusti Yesus kesaren. Dumadakan ana prahara ing sagara kono, satemah praune kisenan banyu, mbebayani.

Lukas 8