Lukas 5:28-35 Kitab Sutji (JAV)

28. Lewi banjur ngadeg, samubarang kabeh ditinggal lan ndherek Gusti Yesus.

29. Lewi tumuli nganakake bujana gedhe kagem Panjenengane ana ing omahe lan akeh juru-mupu-beya lan wong-wong liyane kang padha melu ngepung.

30. Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”

31. Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.

32. TekaKu ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa, supaya padha mratobat.”

33. Wong-wong Farisi mau banjur matur maneh marang Gusti Yesus: “Para sakabatipun Yokanan asring sami siyam sarta sembahyang, makaten ugi sakabatipun para tiyang Farisi, nanging punapaa dene para sakabat Panjenengan kok sami nedha kaliyan ngombe?”

34. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa bisa para mitraning panganten lanang dikon pasa, sajroning pangantene isih ana?

35. Nanging bakal ana wektune, pangantene kapethal saka ing antarane, ing kono banjur bakal padha pasa.”

Lukas 5