1. Nalika Sang Nata Agung Tiberius anggone ngasta paprentahan wis nyandhak limalas taune, kalane Sang Pontius Pilatus jumeneng walinagara ing tanah Yudea, lan Sang Prabu Herodhes jumeneng ratu-wilayah tanah Galilea, Sang Prabu Filipus sadhereke jumeneng ratu-wilayah Iturea lan Trakhonitis, sarta Sang Prabu Lisanias jumeneng ratu wilayah Abilene,
2. ing kalane Sang Hanas lan Sang Kayafas jumeneng Imam Agung, Gusti Allah paring pangandika marang Nabi Yokanan; putrane Imam Zakharia, ana ing ara-ara-samun.
3. Nabi Yokanan banjur ndlajahi imbange bengawan Yarden kabeh sarta nguwuh-uwuh: “Padha mratobata, lan pasrahna awakmu supaya dibaptis, Gusti Allah bakal ngapura dosamu kabeh.”
4. Iki cocok karo kang tinulis ing kitab pamedharwangsite Nabi Yesaya:“Ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara-samun.Padha nyawisna margining Pangeran, lencengna lurung-lurunge!