Lukas 24:42-49 Kitab Sutji (JAV)

42. Banjur dicaosi iwak gorengan sairis.

43. Iku tumuli ditampeni lan didhahar ana ing ngarepe wong-wong mau.

44. Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.”

45. Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci.

46. Pangandikane: “Ana kang katulisan mangkene: Sang Kristus pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinane wungu saka ing antarane wong mati.

47. Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.

48. Dene kowe kang padha dadi seksine bab iku mau kabeh.

49. Sabanjure kowe bakal padha Dakkirimi apa kang wis dijanjekake dening RamaKu. Nanging kowe padha anaa ing kutha kene dhisik, nganti kowe wis padha kaparingan kasekten saka ing ngaluhur.”

Lukas 24