15. Nalika lagi padha rembugan lan bebantahan, Gusti Yesus piyambak rawuh nyelaki lan banjur nyarengi ing lakune.
16. Nanging wong mau mripate padha kalimputan, mulane padha pangling karo Panjenengane.
17. Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong loro iku: “Apa sing padha kokrembug sajrone lumaku iki?” Banjur padha mandheg kalawan sedhih.
18. Kang siji kang jenenge Kleopas, mangsuli: “Punapa namung Panjenengan piyambak tiyang manca ing Yerusalem, ingkang boten uninga bab ingkang mentas kelampahan wonten ing ngriku ing salebetipun sawatawis dinten punika?”