Lukas 23:44-46 Kitab Sutji (JAV)

44. Bareng watara jam rolas, banjur ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh, nganti jam telu

45. amarga srengenge ora sumorot. Kacarita gubahing Padaleman Suci suwek ing tengah dadi loro.

46. Gusti Yesus banjur nguwuh kalawan swara sora: “Dhuh Rama, Kawula masrahaken nyawa Kawula wonten ing asta Paduka.” Sawise matur mangkono banjur masrahake nyawane.

Lukas 23