Lukas 23:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Sang Pilatus nuli ngandika marang para pangareping imam lan marang wong akeh iku: “Tumraping aku wong iki ora tinemu kaluputane.”

5. Nanging wong-wong mau saya banget panggugate, ature: “Tiyang punika damel balelanipun rakyat kalayan piwulangipun wonten ing tanah Yudea sadaya, kawiwitan wonten ing tanah Galilea, lan sapunika sampun dumugi ing ngriki.”

6. Bareng midhanget atur mangkono iku Sang Pilatus banjur ndangu, apa Wong iku wong Galilea.

7. Bareng mirsa yen Gusti Yesus iku kalebet bawahe Sang Prabu Herodhes, nuli kaladosake marang ngarsane Sang Prabu Herodhes, kang ing wektu iku pinuju ana ing kutha Yerusalem.

8. Bareng Sang Prabu Herodhes mirsa Gusti Yesus, banget renane, amarga wis suwe anggone kapengin mirsa, awit wis kerep mireng bab Panjenengane, apadene ngajeng-ajeng nguningani anggone nganakake pratandha.

9. Akeh kang didangokake marang Gusti Yesus, nanging Panjenengane ora paring wangsulan sathithik-thithika.

10. Nalika samana para pangareping imam lan para ahli Toret padha maju lan ngaturake panggugat-panggugat kang abot.

11. Sang Prabu Herodhes dalah para prajurite banjur padha nglelingsem lan moyoki Panjenengane, tumuli diagemi jubah kang endah banget sarta banjur diwangsulake marang ngarsane Sang Pilatus.

12. Ing dina iku uga Sang Prabu Herodhes karo Sang Pilatus banjur padha memitran, awit maune padha sesatron.

Lukas 23