7. Nuli padha matur, yen padha ora ngreti saka ngendi baptisane iku.
8. Gusti Yesus banjur ngandika: “Yen mangkono Aku iya ora gelem kandha marang kowe, kalawan panguwasa sing endi anggonKu nglakoni samubarang kabeh iku.”
9. Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene marang wong akeh: “Ana wong gawe pakebonan anggur, nuli disewakake marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang ing tanah ngamanca nganti sawatara lawase.
10. Bareng wis tumeka ing mangsane, tumuli kongkonan batur siji nemoni wong-wong mau, padha dikon ngladekake pandumaning pametune pakebonan. Nanging batur iku banjur digebugi dening wong-wong tani mau, lan dikon bali nglenthung.
11. Sawise mangkono dheweke kongkonan batur liyane, nanging iku iya digebugi lan diwirang-wirangake dening para wong tani mau lan dikon bali nglenthung.
12. Sabanjure nuli kongkonan maneh kang kaping telune, nanging iku iya ditatoni dening wong-wong mau sarta tumuli diuncalake menyang ing sajabaning kebon.
13. Kang duwe pakebonan banjur calathu mangkene: Apa saiki sing kudu daktindakake? Dakkongkonan anakku kang kekasih, mesthi bakal dieringi.
14. Nanging bareng wong-wong tani iku weruh anake mau, banjur padha rembugan: Iku ahli-warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.