48. Bareng rama-ibune weruh padha njenger. Kang ibu banjur calathu marang Panjenengane: “Angger, yagene Kowe kok mangkono marang aku. Bapakmu lan aku padha nggoleki Kowe kalawan susah.”
49. Ature marang rama-ibune: “Punapaa dene panjenengan madosi Kula? Panjenengan punapa boten mirsa, bilih Kula kawajiban wonten ing dalemipun Rama Kula?”
50. Rama-ibune padha ora nyandhak marang apa kang dipangandikakake iku.
51. Panjenengane banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang ing Nasaret; sabanjure Panjenengane lestantun kaemong dening rama-ibune. Dene kang ibu nyathet prakara iku mau kabeh ana ing sajroning atine.