Lukas 2:17-35 Kitab Sutji (JAV)

17. Bareng wus padha nyumurupi, banjur padha nyritakake apa kang wis dipangandikakake tumrap Sang Putra iku.

18. Kabeh wong kang padha krungu, padha gumun marang critane pangon-pangon mau.

19. Nanging Maryam nyathet iku mau kabeh ana ing sajroning atine lan dirasak-rasakake.

20. Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhurake Allah, marga sabarang kang wis dirungu lan wis dideleng, cocog karo kang wis dipangandikakake marang wong-wong mau.

21. Bareng wis ganep wolung dina, Sang Timur disupiti lan asmane katetepake Yesus, yaiku asma kang dipangandikakake dening malaekat sadurunge Panjenengane kinandhut ing guwa-garba.

22. Nalika wis puput dinaning panucene miturut angger-anggere Nabi Musa, Sang Timur banjur kabekta menyang Yerusalem arep dicaosake marang Pangeran,

23. kaya kang katulisan ing angger-anggering Pangeran: “Sakabehing anak lanang pambarep kudu kasucekake kagem Gusti Allah,”

24. lan padha saos kurban, manut apa kang kadhawuhake ana ing angger-anggering Pangeran, arupa manuk deruk sajodho utawa piyik dara loro.

25. Ing kutha Yerusalem ana sawijining wong jenenge Simeon, wong mursid lan ngabekti marang Allah, kang nganti-anti marang panglipuring Israel sarta kang ingayoman ing Roh Suci.

26. Iku wis pinaringan wangsit dening Sang Roh Suci, yen bakal ora mati sadurunge ndeleng Sang Kristus, yaiku kang Jinebadan dening Pangeran.

27. Marga saka pitedahe Sang Roh Suci, Simeon menyang Padaleman Suci. Nalika Gusti Yesus, Sang Timur, dibopong mlebu dening rama ibune, lan bakal katindakake kaya kang wis katamtokake dening angger-anggering Toret,

28. Simeon banjur mbopong Sang Timur kalawan memuji marang Gusti Allah, unjuke:

29. “Dhuh, Pangeran, sapunika Paduka marengaken kawula kesah kalayan temrem rahayu, miturut pangandika Paduka,

30. sabab mripat kawula sampun nyumerepi karahayon peparing Paduka,

31. ingkang sampun Paduka cawisaken women ing sangajenging bangsa sadaya,

32. inggih punika pepadhang ingkang minangka wedharan tumrap bangsa-bangsa sanes saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israel.”

33. Rama-ibune kaeraman banget marang kabeh kang diucapake tumrap Panjenengane mau.

34. Simeon banjur mberkahi lan calathu marang Maryam, kang ibu: “Lah iki wis pinasthi dadi marganing tiba lan tangine wong ing Israel pirang-pirang, lan dadi tetengeran kang bakal nukulake padudon

35. -- lan atimu dhewe bakal katuwek ing pedhang -- supaya kalairna pikiraning atine wong akeh.”

Lukas 2