Lukas 2:12-17 Kitab Sutji (JAV)

12. Dene kang minangka tengeran marang kowe, mangkene: Kowe bakal mrangguli bayi kagedhong sumeleh ing pamakanan.”

13. Dumadakan banjur ana balatantra swarga kang akeh banget cacahe, kang mbarengi malaekat mau sarta padha memuji marang Gusti Allah, sabdane:

14. “Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”

15. Kacarita sapengkere para malaekat menyang ing swarga, para pangon mau padha sapocapan mangkene: “Ayo, padha menyang ing Betlehem, ndeleng apa sing wis kalakon ing kana, kaya sing wis dipangandikakake dening Pangeran marang kita.”

16. Banjur enggal-enggal mangkat, tumuli ketemu karo Maryam lan Yusuf, apadene Sang Jabang-bayi, kang sumeleh ing pamakanan.

17. Bareng wus padha nyumurupi, banjur padha nyritakake apa kang wis dipangandikakake tumrap Sang Putra iku.

Lukas 2