Lukas 18:34-43 Kitab Sutji (JAV)

34. Nanging para sakabat padha ora mangreti babar pisan bab iku kabeh; padha kasamaran sarta padha ora nyandhak marang isining pangandika mau.

35. Bareng tindake Gusti Yesus wis meh tekan ing kutha Yerikho, ana wong wuta linggih ing pinggir dalan, ngemis.

36. Nalika krungu wong akeh padha liwat, wong mau takon: “Apa iku?”

37. Ana wong kang mangsuli: “Gusti Yesus Nasarani langkung.”

38. Dheweke banjur nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti Yesus, Tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”

39. Wong-wong kang padha lumaku ing ngarep padha nyendhu wong mau, dikon meneng. Nanging panguwuhe malah saya seru: “Dhuh, Tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”

40. Gusti Yesus banjur kendel lan dhawuh nyowanake wong mau. Bareng wis ana ing ngarsane, Gusti Yesus ndangu:

41. “Karepmu dakkapakake?” Unjuke: “Dhuh, Gusti, kawula mugi sageda ningali.”

42. Gusti Yesus nuli ngandika marang dheweke: “Bisaa ndeleng! Pangandelmu kang mitulungi kowe.”

43. Sanalika iku uga wong mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus kambi ngluhurake Gusti Allah. Kabeh wong kang padha nyumurupi lelakon iku padha saos puji marang Gusti Allah.

Lukas 18