27. Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kang mokal tumraping manungsa, iku ora mokal tumraping Allah.”
28. Petrus munjuk: “Kawula punika smapun sami nilar sadaya gadhahan kawula lajeng ndherek Paduka.”
29. Pangandikane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene saben wong kang marga saka Kratoning Allah ninggal omahe, bojone utawa sadulure, wong tuwane utawa anak-anake,
30. iku bakal tampa piwales tikel-matikel, ing jaman saiki uga, lan ing jaman kang bakal kalakon bakal tampa urip langgeng.”
31. Gusti Yesus banjur nimbali sakabate rolas sarta dipangandikani mangkene: “Saiki Aku kabeh padha menyang Yerusalem lan kabeh kang katulisan dening para nabi tumrap Putraning Manungsa, iku bakal kayektenan.
32. Sabab Panjenengane bakal dipasrahake marang bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, dipoyoki, disiya-siya lan diidoni,
33. sarta disapu banjur disedani, lan ing telung dinane bakal wungu.”
34. Nanging para sakabat padha ora mangreti babar pisan bab iku kabeh; padha kasamaran sarta padha ora nyandhak marang isining pangandika mau.
35. Bareng tindake Gusti Yesus wis meh tekan ing kutha Yerikho, ana wong wuta linggih ing pinggir dalan, ngemis.