Lukas 18:22-30 Kitab Sutji (JAV)

22. Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”

23. Bareng wong mau krungu pangandika iku, banjur sedhih banget, amarga kaliwat sugihe.

24. Banjur dipandeng dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Pancen angel banget tumraping wong sugih dhuwit, bisane lumebu ing Kratoning Allah.

25. Amarga gampang unta nlusup ing bolonganing dom, katimbang karo wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.”

26. Wong-wong kang pada krungu padha calathu: “Yen mangkono, sapa kang bisa oleh karahayon?”

27. Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kang mokal tumraping manungsa, iku ora mokal tumraping Allah.”

28. Petrus munjuk: “Kawula punika smapun sami nilar sadaya gadhahan kawula lajeng ndherek Paduka.”

29. Pangandikane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene saben wong kang marga saka Kratoning Allah ninggal omahe, bojone utawa sadulure, wong tuwane utawa anak-anake,

30. iku bakal tampa piwales tikel-matikel, ing jaman saiki uga, lan ing jaman kang bakal kalakon bakal tampa urip langgeng.”

Lukas 18