29. Nanging ing dina lungane Lut metu saka ing kutha Sodom, banjur ana udan geni lan udan walirang saka ing langit, kang numpes wong kabeh.
30. Iya kaya mangkono besuk ing dina ngatingale Putraning Manungsa.
31. Sing sapa ing dina iku pinuju ana ing payon, mangka barang-barange ana ing jero omah, aja mudhun njupuki; mangkono uga kang lagi ana ing pategalan, aja mulih.
32. Elinga marang bojone Lut!
33. Sing sapa ngudi rumeksa marang nyawane, bakal kelangan nyawane, lan sing sapa kelangan nyawanr, iku bakal nylametake nyawane.
34. Aku pitutur marang kowe: Ing bengi iku bakal ana wong loro kang tunggal sapaturon, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.
35. Ana wong wadon loro kang lagi padha giling, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.
36. Manawa ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.”
37. Para sakabat banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Wonten ing pundi, Gusti?” Paring wangsulane: “Ing ngendi ana mayit, iya ing kono manuk-manuk garudha bakal padha nglumpuk.”