Lukas 17:13-26 Kitab Sutji (JAV)

13. sarta padha nguwuh seru, unjuke: “Dhuh, Gusti Yesus, Sang Guru, kawula mugi sami Paduka welasi!”

14. Panjenengane nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika: “Kowe padha lungaa, awakmu tuduhna marang imam!” Kocapa, sajrone padha lumaku iku, padha birat najise.

15. Ana siji kang bareng weruh yen wis waras, banjur cengkelak bali kanthi ngluhurake Gusti Allah kalawan suwara sora.

16. Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.

17. Gusti Yesus banjur ngandika: “Apa ora wong sapuluh kang birat najise? Lah kang sanga endi?

18. Apa panunggalane iku ora ana kang bali ngluhurake Gusti Allah, kajaba mung wong manca iki?”

19. Banjur ngandika marang wong mau: “Ngadega, lungaa, pangandelmu kang wus mitulungi kowe.”

20. Bareng wong Farisi padha matur pitakon bab besuk kapan bakal rawuhe Kratoning Allah, Gusti Yesus nuli paring wangsulan, pangandikane: “Rawuhe Kratoning Allah iku tanpa pratandha-pratandha kang katon,

21. sarta wong iya ora bisa kandha: Lah ana ing kene, utawa ana ing kana! Amarga satemene Kratoning Allah iku ana ing antaramu.”

22. Banjur ngandika marang para sakabate: “Bakal tumeka ing wektune, kowe padha kapengin nyumurupi sawijining dinane Putraning Manungsa, nanging ora bakal bisa nyumurupi.

23. Sarta wong bakal ngandhani kowe: Lah, ana ing kana; lah ana ing kene! Kowe aja mrana lan aja kelu.

24. Awitdene kaya kilat anggone gumebyar saka ing tepining langit ing sisih kene tekan ing sisih kana, iya kaya mangkono uga ing dina bakal rawuhe Putraning Manungsa.

25. Nanging Panjenengane kudu nandhang sangsara akeh dhisik lan katampik dening jinis iki.

26. Sarta kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya kaya mangkono kaanane besuk ing dina-dinane Putraning Manungsa.

Lukas 17