Lukas 17:10-22 Kitab Sutji (JAV)

10. Mangkono uga kowe. Manawa kowe wis nglakoni kabeh kang kaprentahake marang kowe, kowe padha munia: Aku kabeh iki abdi-abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang padha kudu daktindakake.”

11. Kacarita nalika Gusti Yesus tindak menyang ing Yerusalem, miyos ing sauruting tapel-watese tanah Samaria lan Galilea.

12. Bareng lumebet ing sawijining desa, ana wong lara budhugen sapuluh sowan marang ing ngarsane, nanging mung ngadeg kapara adoh,

13. sarta padha nguwuh seru, unjuke: “Dhuh, Gusti Yesus, Sang Guru, kawula mugi sami Paduka welasi!”

14. Panjenengane nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika: “Kowe padha lungaa, awakmu tuduhna marang imam!” Kocapa, sajrone padha lumaku iku, padha birat najise.

15. Ana siji kang bareng weruh yen wis waras, banjur cengkelak bali kanthi ngluhurake Gusti Allah kalawan suwara sora.

16. Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.

17. Gusti Yesus banjur ngandika: “Apa ora wong sapuluh kang birat najise? Lah kang sanga endi?

18. Apa panunggalane iku ora ana kang bali ngluhurake Gusti Allah, kajaba mung wong manca iki?”

19. Banjur ngandika marang wong mau: “Ngadega, lungaa, pangandelmu kang wus mitulungi kowe.”

20. Bareng wong Farisi padha matur pitakon bab besuk kapan bakal rawuhe Kratoning Allah, Gusti Yesus nuli paring wangsulan, pangandikane: “Rawuhe Kratoning Allah iku tanpa pratandha-pratandha kang katon,

21. sarta wong iya ora bisa kandha: Lah ana ing kene, utawa ana ing kana! Amarga satemene Kratoning Allah iku ana ing antaramu.”

22. Banjur ngandika marang para sakabate: “Bakal tumeka ing wektune, kowe padha kapengin nyumurupi sawijining dinane Putraning Manungsa, nanging ora bakal bisa nyumurupi.

Lukas 17