1. Gusti Yesus ngandika marang para sakabate: “Ora kena ora mesthi bakal ana panasaran, nanging bilai kang nganakake.
2. Luwih becik manawa wong iku dikalungana ing watu panggilingan lan banjur dicemplungake ing sagara, katimbang nasarake salah sijine wong kang ringkih iki.
3. Reksanen awakmu dhewe! Manawa sadulurmu duwe kaluputan welehna; manawa kaduwung apuranen.
4. Saupama anggone kaluputan marang kowe ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggone marani kowe sarta pratela: Aku kaduwung, iya kudu kokapura.”
5. Para rasul nuli munjuk marang Gusti: “Kawula mugi sami kaparingana kapitadosan!”
6. Paring wangsulane Gusti: “Manawa kowe duwe pangandel kang gedhene sawiji sawi bae, yen kowe calathu marang wit anjir alas iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal ngestokake marang pakonmu.”
7. “Sapa panunggalanmu kang duwe batur, kang mluku utawa angon raja-kayane, saulihe saka ing pategalan apa banjur dicalathoni: Ayo, endang mangan!
8. Apa ora malah kosokbaline, dicalathoni mangkene: Aku cawisana mangan, kowe banjur sabukana lan ngladenana nganti sarampunge anggonku mangan lan ngombe. Lan sawise iku kowe kena mangan lan ngombe.
9. Apa batur mau banjur diwenehi panarima, marga saka anggone wis nglakoni apa kang diprentahake?
10. Mangkono uga kowe. Manawa kowe wis nglakoni kabeh kang kaprentahake marang kowe, kowe padha munia: Aku kabeh iki abdi-abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang padha kudu daktindakake.”
11. Kacarita nalika Gusti Yesus tindak menyang ing Yerusalem, miyos ing sauruting tapel-watese tanah Samaria lan Galilea.
12. Bareng lumebet ing sawijining desa, ana wong lara budhugen sapuluh sowan marang ing ngarsane, nanging mung ngadeg kapara adoh,
13. sarta padha nguwuh seru, unjuke: “Dhuh, Gusti Yesus, Sang Guru, kawula mugi sami Paduka welasi!”
14. Panjenengane nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika: “Kowe padha lungaa, awakmu tuduhna marang imam!” Kocapa, sajrone padha lumaku iku, padha birat najise.