23. Wong sugih mau iya mati lan banjur dikubur. Lan nalika dheweke ana ing sajroning teleng-palimengan sarta nandhang sangsara iku tumenga, nuli sumurup Rama Abraham ana ing kadohan mangku Lazarus.
24. Banjur nguwuh-uwuh, ature: Dhuh, Rama Abraham, mugi karsaa paring kawelasan dhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhana nyelupaken pucuking drijinipun wonten ing toya, kangge ngasrepaken ilat kula, amargi kula nandhang sangsara sanget wonten ing latu murub punika.
25. Nanging Rama Abraham mangsuli, pangandikane: Angger, elinga, yen kowe wis tampa samubarang kang becik salawase uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora apik. Saiki dheweke tampa panglipur, dene kowe nandhang sangsara banget.