29. Nanging diwangsuli mangkene: Sampun mataun-taun anggen kula ngladosi bapak lan boten nate nerak wewaleripun bapak, nanging bapak boten nate maringi cempe satunggal kemawon, kangge bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula.
30. Nanging sareng putranipun bapak ingkang ngebreh-ebreh raja-darbekipun bapak, kadamel mblunthah kaliyan sundel-sundel, saweg kemawon dhateng, bapak lajeng mragat pedhet leman kangge piyambakipun.
31. Bapakne calathu: Anakku, engger, kowe iku salawase nunggal karo aku, lan apa saduwekku iku duwekmu.
32. Aku kabeh wis samesthine kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip maneh, wis ilang ketemu.”