Lukas 15:22-31 Kitab Sutji (JAV)

22. Nanging bapakne prentah marang batur-bature: Enggal jupukna jubah kang apik dhewe, nuli enggokna, drijine enggonana ali-ali lan enggonana sepatu sikile.

23. Banjur njupuka pedhet sing lemu, belehen. Ayo padha mangan lan seneng-seneng.

24. Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan.

25. Nanging anake pambarep lagi ana ing pategalan. Bareng mulih lan wis cedhak karo omahe, krungu swaraning suling lan wong kang padha tetembangan jejogedan.

26. Banjur ngundang salah sawijining batur lan ditakoni, apa tegese iku kabeh.

27. Ature batur: Punika ingkang rayi rawuh, dene ingkang rama sampun dhawuh mragat pedhet ingkang lema, amargi kepanggih malih kaliyan putranipun kanthi wilujeng.

28. Anak pambarep mau temah nepsu lan ora gelem lumebu ing omah. Bapakne nuli metu lan ngrerepa.

29. Nanging diwangsuli mangkene: Sampun mataun-taun anggen kula ngladosi bapak lan boten nate nerak wewaleripun bapak, nanging bapak boten nate maringi cempe satunggal kemawon, kangge bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula.

30. Nanging sareng putranipun bapak ingkang ngebreh-ebreh raja-darbekipun bapak, kadamel mblunthah kaliyan sundel-sundel, saweg kemawon dhateng, bapak lajeng mragat pedhet leman kangge piyambakipun.

31. Bapakne calathu: Anakku, engger, kowe iku salawase nunggal karo aku, lan apa saduwekku iku duwekmu.

Lukas 15