1. Para juru-mupu-beya lan wong dosa iku adate padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngrungokake piwulange.
2. Wong Farisi lan para ahli Toret satemah padha kedumelan, pangucape: “Wong iku kok nampani wong dosa lan mangan bebarengan.”
3. Panjenengane banjur paring pasemon mangkene:
4. “Sapa panunggalanmu, kang duwe wedhus satus, mangka ana siji sing ilang, apa ora banjur nggoleki sing ilang iku nganti saketemune, sing sangang puluh sanga ditinggal ana ing ara-ara samun?
5. Lan manawa wis ketemu, nuli dipanggul kalawan bungah
6. sarta satekane ing omahe, banjur ngundangi mitra-mitrane lan tangga teparone lan padha dikandhani: Ayo, padha bebarengan bungah-bungah karo aku, sabab wedhusku sing ilang wis ketemu.
7. Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.”
8. “Utawa endi ana wong wadon duwe dhuwit dirham sapuluh, mangka ilang siji, kok ora banjur nyumed damar lan nyaponi omahe, nggoleki njlimet nganti saketemune?
9. Lan manawa wis ketemu, banjur ngundangi mitra-mitrane lan tangga teparone sarta padha dicritani mangkene: Dhuwitku dirham sing ilang wis ketemu. Ayo, padha bungah-bungah bebarengan karo aku.