16. Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Ana wong nganakake pista gedhen lan ngulemi wong akeh.
17. Bareng wis ndungkap wayahe bujana, bature dikongkon pratela marang wong kang padha diulemi: Sumangga sami karsaa rawuh, amargi sadaya-sadayanipun sampun cumawis.
18. Nanging kabeh padha bebarengan nyuwun ngapura. Wong kang kapisan matur mangkene: Kula mentas tumbas pategilan, kula badhe ningali mrika, mila kula nyuwun pangapunten.
19. Wong liyane matur mangkene: Kula mentas tumbas lembu gangsal rakit, kula badhe kesah nyobi lembu-lembu punika, mila nyuwun pangapunten.
20. Wong liyane maneh matur: Kula saweg kemawon emah-emah, mila boten saged sowan.
21. Batur mau banjur mulih ngaturake iku kabeh marang lurahe. Kang duwe omah nepsu banget sarta calathu marang bature: Enggal menyanga ing dalan-dalan lan lurung-lurung kutha, wong mlarat, wong cacad, wong picak lan wong lumpuh padha iriden mrene.
22. Bature tumuli matur: Bendara, sadaya dhawuh panjenengan sampun kalampahan, ewasamanten papanipun taksih tirah.
23. Lurahe banjur calathu marang bature: Menyanga ing lurung-lurung lan ing dalan-dalan cilik, wong-wong sing ana ing kono padha peksanen mlebu mrene, amarga omahku kudu kebak.
24. Awit aku pitutur marang kowe: Wong kang padha diulemi dhisik mau siji bae ora ana kang bakal ngrasakake suguhanku.”
25. Kacarita Gusti Yesus banjur tindak kadherekake wong akeh gumrudug. Gusti tumuli minger ngandika marang wong-wong mau: