3. Ora, kandhaKu marang kowe. Nanging manawa kowe ora padha mratobat, kowe bakal padha tiwas kabeh kanthi patrap mangkono.
4. Utawa maneh apa pangiramu wong wolulas kang padha mati kerubuhan menara ing Siloam kae kaluputane ngluwihi wong ing Yerusalem liyane kabeh?
5. Aku pitutur marang kowe: Ora. Nanging manawa kowe kabeh padha ora mratobat, bakal tiwas kanthi patrap mangkono.”
6. Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Ana wong kang duwe wit anjir, kang katandur ing pakebonane anggur, banjur diparani digoleki wohe, nanging ora oleh.
7. Tumuli calathu marang kang ngurus kebon anggur iku: Iki wis telung taun aku golek wohe, kok ora ana. Mulane tegoren bae wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kene tanpa guna!
8. Wangsulane wong mau: Bendara, kajengipun gesang sataun engkas, siti sakubengipun badhe kula paculi lan wit punika badhe kula rabuk,
9. bokmanawi taun ngajeng saged awoh; manawi boten, inggih lajeng kategora kemawon.”
10. Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus memulang ana ing salah sawijining papan pangibadah.
11. Ing kono ana wong wadon kang kapanjingan dhemit wis wolulas taun, satemah banjur lara lan dadi wungkuk, ora bisa ngadeg jejeg.
12. Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkene: “He, mbok, lelaramu wis mari.”
13. Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg maneh lan banjur ngluhurake asmaning Allah.
14. Nanging kepalane papan pangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesus nyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathu marang wong akeh: “Dina iku ana enem sing kanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salah sijine dina iku supaya diwarasake, nanging aja ing dina Sabat.”
15. Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Heh, wong-wong lamis, apa panunggalanmu ing dina Sabat ora nguculi sapine utawa kuldine saka ing kandhang banjur diombekake.