Lukas 12:5-18 Kitab Sutji (JAV)

5. Kowe padha Daktuduhi, sapa kang kudu kokwedeni. Padha wedia marang Panjenengane, kang sawise mateni iya kawasa nyemplungake wong menyang ing naraka. Sabenere Aku pitutur marang kowe: Iya Panjenengane iku kang kudu kokwedeni.

6. Manuk emprit lima rak mung payu rong dhuwit? Ewasamono ora ana siji-sijia kang disupekake dening Gusti Allah,

7. malah dalasan rambuting sirahmu iku wis dietung kabeh. Mulane aja padha wedi, ajimu rak ngungkuli manuk emprit pirang-pirang.

8. Aku pitutur ing kowe: Saben wong kang ngakoni Aku ana ing sangareping wong, iku iya bakal diakoni dening Putraning Manungsa ana ing ngareping para malaekating Allah.

9. Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngareping wong, iya bakal diselaki ana ing ngarepane para malaekating Allah.

10. Sing sapa ngucapake tembung kang nglawan marang Putraning Manungsa, iku bakal diapura, nanging sing sapa nyenyamah marang Sang Roh Suci, iku bakal ora diapura.

11. Manawa kowe padha diladekake marang ngarsane para pradata-agama, apa marang ngarsane para pamarentah utawa para kang ngasta panguwasa, aja padha sumelang, kapriye lan apa kang kudu kokaturake ana ing panjawabmu.

12. Amarga ing wektu iku uga Sang Roh Suci bakal muruki kowe apa kang kudu kokaturake.”

13. Tumuli ana wong panunggalane wong akeh iku kang matur marang Gusti Yesus: “Guru, Paduka mugi karsaa ndhawuhi sadherek kawula, supados andum warisan kaliyan kawula.”

14. Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Sadulur, sapa sing ngangkat Aku dadi hakim utawa dadi panengah ana ing antaramu?”

15. Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”

16. Sawise mangkono banjur padha dipangandikani kalawan pasemon mangkene: “Ana sawijining wong sugih, pametuning palemahane akeh banget.

17. Banjur mikir: Kapriye ya, rekane, aku ora duwe enggon kanggo nyimpen pametu samono akehe iku.

18. Tumuli calathu: Wis, enake mangkene bae: lumbung-lumbungku dakbubrahane, banjur gawe sing luwih gedhe, kabeh gandumku lan barang-darbekku daksimpene ana ing kono.

Lukas 12