24. Padha delengen, manuk gagak iku ora padha nyebar lan ora derep apadene ora duwe gudhang utawa lumbung, ewasamono padha diparingi pangan dening Gusti Allah. Ajimu rak ngungkuli manuk-manuk iku banget!
25. Sapa ta panunggalanmu kang marga saka sumelang bisa nyambungi umure saasta?
26. Dadi yen kowe bab kang sepele dhewe bae ora bisa, kapriye dene kok nyumelangake bab liya-liyane?
27. Padha tamatna kembang bakung kae, ora ngantih ora nenun, ewadene pituturKu marang kowe: Sang Prabu Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora ngungkuli endahe salah sijine kembang iku.
28. Dadi, yen suket ing ara-ara, kang saiki isih ana, sesuk kabuwang ing geni, iku dipanganggoni dening Gusti Allah nganti kaya mangkono, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel!
29. Mulane aja padha mrihatinake apa kang bakal kokpangan lan kokombe sarta aja melang-melang.
30. Awit iku kabeh kang diupaya dening wong kang ora wanuh marang Gusti Allah. Ramamu rak ora kekilapan, yen iku kabeh dadi kabutuhanmu.
31. Nanging Kratoning Allah iku padha upayanen, nuli kabeh iku mau bakal diwuwuhake marang kowe.
32. Aja padha wedi, heh pepanthan cilik! Amarga Ramamu wis kepareng maringake Kraton iku marang kowe.
33. Barang darbekmu dolana kabeh, banjur dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entek, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak dening renget.
34. Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ing kono dununging atimu.”
35. “Lambungmu ajeg sabukana lan damarmu ajeg muruba.
36. Sarta kowe padha kayaa wong-wong kang nganti-anti rawuhe bendarane saka pahargyan memanton, supaya manawa wis kondur lan thothok-thothok lawang, enggal bisa ngengani lawang.